Jumat, 18 Desember 2009

Pangeran Samudra

Pangeran Samudra putra saka ratu Majapahit kang pungkasan aran Raden Brawijaya V saka garwa selir kang aran Dewi Ontrowulan. Dewi Ontrowulan rupane ayu banget, lan awet enom. Sawise Pangeran Samudra dewasa lan ngancik umur 18 tahun, deweke tuwuh rasa tresna marang ibune dhewe.
Pangeran Samudra ngupaya supaya rasa tresna mau ora ngrenggani atine, ananging dipekso kaya ngapa ora bisa. Semono uga Dewi Ontrowulan uga duwe rasa kang padha. Kanthi umpet-umpetan, kekarone pepasihan. Sawijineng dina pokale wong loro mau konangan dening Prabu Brawijaya. Pangeran Samudra diusir saka Majapahit.
Sawise diusir saka Kraton, uripe Pangeran Samudra keranta-ranta. Urip ngumbara saparan paran. Pangumbarane nganti tekan ing gumuk kang akeh kukuse, banjur gumuk mau diarani Gunung Kemukus.
Salungane Pangeran Samudra, Dewi Ontrowulan banget anggone kelangan. Kanthi ati kang manteb, Dewi Ontrowulan lunga saka kraton saperlu nggoleki anake mau. Anggone nggoleki kasil lan ketemu ing Gunung Kemukus.
Kekarone sedya nuntasake kabeh rasa kangen kang ana ing ati kang during kelakon lan anggone pepasihan luwih adoh saka lumrahe wong pepasihan. Tumindake kaya dene wong bebojoan, Dewi Ontrowulan lan Pangeran Samudra konangan karo masyarakat kono banjur kekarone dirajam nganti dadi patine. Nanging sadurunge Pangeran Samudra tiwas, dheweke ngucap sumpah “sapa wae uwonge kang bisa nerusake kang durung kelakon antarane Pangeran Samudra dan Dewi Antrawulan yaiku nindaake kaya dene uwong kang bebojoan, kabeh panyuwun uwong mau bakal keturutan, lan dadi penebus dosane Pangeran Samudra.” Sawise Pangeran Samudra lan Dewi Ontrowulan tiwas, karone dikubur dadi siji ana ing Gunung Kemukus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar